Minggu, 11 Desember 2011

PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen rong gatra (2 baris)
gatra kapisan minangka purwaka
gatra kapindho minangka isi
wanda pungkasan gatra kapisan kecape kudu pada karo wanda pungkasan gatra kapindho...


TULADHA
nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat

jam papat wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan
dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan

kursi goyang sikile papat
nek berjuang ja golek pangkat

numpak dhelman nang Betawi
nek berjuang kudu wani mati

dalan sepur dilumpati
pengin makmur ja korupsi

gemak lontheng-lontheng
krasa penak ndengkang-ndengkeng

kicak jenang jahe
krasa penak meneng wae

susur mbako enak
turu kasur nggawe anak

kodhok kalung kupat
awak boyok ora kuwat

enteng-enteng omah rayap
nangis ngereng njaluk ijab

dalan sepur dilumpati
ajur mumur dilakoni

Walang kekek menclok ning tenggok, mabur maneh menclok ning pari
aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati

Omah gendheng tak saponane
abot entheng tak lakonane

Walang abang menclok ning kara, walang biru walange putih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih

Andheng-andheng ana pilingan
aja dipandeng mundhak kelingan

Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe

Bisa nggambang ora bisa nyuling
bisa nyawang ora bisa nyandhing

Mikul suket dientul-entul
senenge banget nanging ora bisa kumpul

theklek kecemplung kalen
timbang golek luwung balen

abang-abang ora legi
tiwas magang ora dadi

andheng-andheng ngisor lambe
tiwas mandeng wis ana sing nduwe

awan2 tuku brambang
ana prawan klambiné abang

wedang bubuk, gula jawa,
yen Kepethuk atiné lega

esuk nyuling sore nyuling, sulinge arék suroboyo,
esuk éling soré éling sing diéling ora rumangsa.

suwé ora jamu, jamu godhong téla,
suwé ora ketemu ketemu pisan gawé gela

krupuk tabrak honda,
remuk nda...

Anak bulus, mlebu guwa,
bapak Lulus, guru jawa

Cerita JAKA TARUB


Cerita JAKA TARUB
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun Mbok Randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedag wonten wana kangge ulamipun.
Wonten ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedag. Kados adatipun menawi mbebedag bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun Jaka Tarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal pantun kemawon. Saking kedadosan punika kasektenipun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

Rabu, 07 Desember 2011

Aksara Jawa

Aksara adalah istilah bahasa sangsekerta, akshara, untuk menyebut imperishable letter, words syllable, the sacred syllable, sound letter, document, epistle, bahkan semula adalah sebutan bagi the supreme deity, a supreme creational principle, a term used equivalently to bija. Istilah lain untuk menyebut aksara adalah huruf atau abjad yang dimengerti sebagai lambang bunyi.
Aksara adalah:
  1. sebuah sistem penulisan suatu bahasa dengan menggunakan tanda-tanda simbol.
  2. sebuah alfabet
  3. huruf 
Manggala
Gerangan tidak keliru jikalau cerdik cendekia sepakat bahwa aksara merupakan salah satu sarana yang menghantar cakrawala pengetahuan sejarah suatu bangsa karena dikenalnya aksara oleh suatu bangsa dianggap yang menandai masa sejarah atau yang lebih populer disebut masa klasik. Aksara adalah istilah bahasa sangsekerta, akshara, untuk menyebut imperishable letter, words syllable, the sacred syllable, sound letter, document, epistle, bahkan semula adalah sebutan bagi the supreme deity, a supreme creational principle, a term used equivalently to bija. Istilah lain untuk menyebut aksara adalah huruf atau abjad yang dimengerti sebagai lambang bunyi (fonem) sedangkan bunyi itu sendiri adalah lambang pengertian yang menurut catatan sejarah secara garis besar terdiri dari kategori (Kartakusuma 2003):
  1. Piktografik antara lain aksara mesir, tiongkok Purba;
  2. Ideografik antara lain aksara tiongkok masa kemudian yang hasil goresannya tidak lagi dilihat melukiskan benda konkrit;
  3. Silabik antara lain menggambarkan suku-suku kata seperti nampak pada aksara Dawanagiri (Prenagari), Pallawa Jawa, Arab, Katakana dan Hiragana Jepang;
  4. Fonetik antara lain Aksara Latin, Cyrilic atau Rusia dan Ghotik atau Jerman.
Ada pendapat sebelum hadir Aksara Latin dan Latin sekarang, tulisan yang lazim dipergunakan di kawasan Asia tenggara (kecuali di Vietnam dan sebagian kalangan penduduk Cina Selatan) diduga sebagian besar dari pengaruh India. Begitu pun halnya yang terjadi di Nusantar para sarjana (pribumi dan asing) hampir selalu mengajukan pendapat senada bahwa aksara di Nusantara hadir sejalan dengan berkembangnya unsur (Hindu-Bhudda) dari India yang datang dan menetap, melangsungkan kehidupannya dengan menikahi penduduk setempat. Maka sangat wajar, langsung atau tidak langsung disamping mengenalkan budaya dari negeri asalnya sambil mempelajari budaya setempat di lingkungan pemukiman baru, salah satu implikasinya adalah bentuk aksara (de Casparis 1975).